Wayang

Sugeng Rawuh
Ing Piwulangan Wayang
1 / 32
volgende
Slide 1: Tekstslide
indonesiaTertiary Education

In deze les zitten 32 slides, met interactieve quizzen en tekstslides.

Onderdelen in deze les

Sugeng Rawuh
Ing Piwulangan Wayang

Slide 1 - Tekstslide

WAYANG
Kompetensi Dasar :
3.8 Memahami Ajaran Moral Cerita Wayang
4.8 Menanggapi Ajaran Moral Cerita Wayang

Slide 2 - Tekstslide

Indikator Pencapaian Kompetensi
3.8.1 Mengidentifikasi kata- kata sulit yang terdapat dalam cerita wayang lakon Bisma Gugur
3.8.2 Menyimpulkan isi dari cerita wayang lakon Bisma Gugur
3.8.3 Menyimpulkan ajaran moral cerita wayang lakon Bisma Gugur
4.8.1 Membuat karangan yang mengaitkan ajaran moral wayang lakon Bisma Gugur dengan kehidupan sehari- hari

Slide 3 - Tekstslide

Tujuan Pembelajaran
1. Setelah guru memberikan dan menayangkan cerita wayang lakon Bisma Gugur melalui aplikasi lesson up, diharapkan peserta didik mampu mengindentifikasi kata- kata sulit yang terdapat dalam cerita tersebut sesuai dengan bausastra jawa
2. Setelah peserta didik mengidentifikasi kata-kata sulit secara mandiri, diharapkan peserta didik mampu menyimpulkan isi dari cerita wayang lakon Bisma Gugur sesuai konteks ceritanya
3. Setelah menyimpulkan isi cerita wayang secara mandiri, diharapkan peserta didik menyimpulkan ajaran moral yang terkandung dalam cerita wayang lakon Bisma Gugur sesuai dengan konteks ceritanya
4. Setelah siswa mampu menyimpulkan ajaran moral yang terkandung dalam cerita wayang lakon Bisma Gugur, peserta didik diharapkan mampu membuat karangan yang mengaitkan ajaran moral wayang lakon Bisma Gugur dengan kehidupan sehari- hari secara rinci dan tepat

Slide 4 - Tekstslide

Penilaian
1. Penilaian Sikap
2. LKPD
3. Tugas
4. Evaluasi

Slide 5 - Tekstslide

Kegiatan Pembelajaran
1. Identifikasi kata- kata sulit
2. Isi Cerita 
3. Ajaran Moral
4. Korelasi dengan kehidupan sehari- hari


Slide 6 - Tekstslide

Filosofi Wayang
Wayang ---> Gambaraning manungsa ing alam donya saking lair
Paraga wayang ---> budi pekerti ; piwulang
Dhalang ---> ngudhal piwulang
Piranti pagelaran wayang ---> makna ing pagesangan 

Slide 7 - Tekstslide

Filosofi Wayang
Babon Wayang : Ramayana & Mahabarata


Slide 8 - Tekstslide

Video Pagelaran Wayang
Deze video is niet meer beschikbaar
Welke video was dit?

Slide 9 - Tekstslide

Bisma Gugur : Laire Dewabrata (1)
Raden Dewabrata iku putrane Prabu Sentanu kaliyan Dewi Gangga, Prabu Sentanu nenggih ratu ing Ngastina, lan Dewi Gangga nenggih dewi ingkang dados garwanipun Prabu Sentanu, sakderengipun dhaup, Dewi Gangga saged damel trenane Prabu Sentanu awit endah pasuryanipun, ananging Dewi Gangga gadhah pinyuwunan yen Prabu Sentanu mboten paring duka saha nglarang apa wae kekarepane Dewi Gangga, amboko kekarepane Dewi Gangga kadangkala ora tinemu ing nalar. 

Slide 10 - Tekstslide

Bisma Gugur : Laire Dewabrata (2)
Ngantos Dewi Gangga yen gadhah putra mesthi dilarung ana ing Bengawan Gangga, ora mung pisan, ngasi putra kaping 8 uga dilarung. Saka kuwi Prabu Sentanu wus entek sabare, saklaire putra kaping 9 Prabu Sentanu paring duka marang Dewi Gangga. Saking menika Dewi Gangga bali menyang Kahyangan, lan paring jejibahan dhateng Prabu Sentanu kagem ngopeni putra ingkang kaping 9 menika. Saklajengipun, Prabu Sentanu dhaup kaliyan Dewi Durgandini lan putra saking Dewi Gangga ingkang kaping 9 wau diparingi tetenger Raden Dewabrata.

Slide 11 - Tekstslide

Bisma Gugur : Obor Soraning Donya (3)
Dewa Brata menika ugi kasebat obor soraning Baratayuda, amargi nalika Prabu Sentanu nduwe kekarepan mundhut garwa Dewi Durgandini marang putranipun, Dewa Brata. Panemu Dewabrata dianggep Prabu Sentanu sanget wigati, amargi Dewi Durgandini nduwe kekarepan, yen ingkang gadhah hak dados Ratu Ngastina nggantosaken Prabu Sentanu nenggih putra saking garbanipun Dewi Durgandini. Saka iku Dewa Brata purun nglakoni apa kang dikarepake Dewi Durgandini kanthi sumadya mboten badhe nglenggahi dampar Negara Ngastina, lan menehake tahta Ngastina kaliyan rayinipun nenggih putranipun Dewi Durgandini nggantosaken Prabu Sentanu.

Slide 12 - Tekstslide

Bisma Gugur : Obor Soraning Donya (4)
anaging saka iku, Dewi Durgandini durung isa percaya marang ujare Dewabrata, isa wae Dewabrata nampa marang keputusan iku, nanging durung tentu anak anake samengka. Kanggo nggawe percayane Dewi Durgandini, Dewabrata ngujar sumpah Wadad.
saking dhaupipun kaliyan Dewi Durgandini, Prabu Sentanu gadhah putra kalih, nenggih Raden Wicitra lan Wicitrawirya. Nanging sakdurunge nduwe putra putra kekalih wis seda, lan tegese tahta Negara Ngastina kothong jemblong, kamangka Dewabrata wus sumpah Wadad. Anaging sakdurunge dhaup kaliyan Prabu Sentanu, Dewi Durgandini wus Dhaup marang Palasara, lan Dewabrata paring dhawuh supaya putrane Palasara, yaiku Abiyasa kang lungguh ing Dampar Negara Ngastina lan menehake tahta Ngastina kaliyan rayinipun nenggih putranipun Dewi Durgandini nggantosaken Prabu Sentanu.

Slide 13 - Tekstslide

Bisma Gugur: Obor Soraning Donya (5)
Saksampunipun menika, Kalungguhan Ratu Ngastina diterusake Putrane Abiyasa, nanging putrane 3, yaiku Destarata, Pandu Dewanata lan Yama Widura. Nanging ingkang saged dados ratu saksampunipun Abiyasa nenggih Prabu Pandudewanata, nanging seda nalika andon asmara myang Dewi Madrim, lan diplanjutake dening Prabu Destarata. Nalika dados ratu ing Ngastina, Dewabrata sampun sepuh, lan namanipun ganti dados Resi Bisma, neng negara Ngastina minangka pamomong negara lan Yama Widura minangka ingkang ngatur pamarintahan Ngastina.

Slide 14 - Tekstslide

Bisma Gugur : Sayembara 3 Putri (6)
Lelakon sayembara iki, kawiwitan nalika Bisma arep nggolekake garwa adhi ipene yaiku Wicitrawirya, lan saking sayembara menika Bisma pikantuk mboyong 3 putri, Amba, Ambika lan Ambalika. Nanging siale Amba wis nduwe priya, yaiku Raja Salwa. Nanging manut tatananing sayembara, Dewi Amba kedah purun dhaup marang Wicitawirya lan Raja Salwa kedah nglilake Dewi Amba. Saksampunipun dugi ing Ngastina, Dewi Amba dipuntolak Wicitrawirya. Saksampunipun ditolak dening adhinipun, Bisma ngajak Dewi Amba menyang negarane Raja Salwa, nanging uga ditolak dening Raja Salwa, amarga Raja Salwa rumangsa wis kalah, lan kudu netepi darmaning satriya, mboten pareng mengku wanodya ingkang sampun dados hakipun tiyang sanes. Saking menika, Dewi Amba ngrasa dados wanodya ingkang hina, sampun ditolak kanthi hina dening 2 satriya.

Slide 15 - Tekstslide

Bisma Gugur : Sayembara 3 Putri (7)
Saking kedadosan menika, Bisma sakjane nduwe welas asih marang Amba, lan saka rasa asih menika tuwuh rasa tresna, nanging Bisma uga kelingan marang Sumpah Wadad e. lan wiwit kedadean kuwi Amba mesthi melu nengdi wae lungane Bisma. Nganti neng sawijine dina, Amba nyeraki Bisma supaya gelem dadi garwane, sakjane Bisma gelem, nanging ngelingi sumpahe, Bisma tetep nolak,. Supaya Amba isa ngadohi Bisma, Bisma nuding nudingake panah supaya Amba wedi, nanging merga grogi anggone Bisma nyekel panah ucul, lan kena ing dadane Dewi Amba. Dewi Amba seda ing dhakepaning Bisma. Lan Dewi Amba sakdurunge seda, ngujar sumpah yen sesuk Bisma tetep bakal ketemu jodhone, awujud pangejawantahane Dewi Amba ing jaman samengka, lan ing dina iku Bisma wus tekan garis uripe, lan bakal nyawiji marang Dewi Amba ing Suwarga Langgeng ing tresna sejati.

Slide 16 - Tekstslide

Bisma Gugur : Baratayudha Jayabinangun (8)
Nalika wis tumapak perang sedulur Baratayuda Jayabinangun, Bisma dadi pamomonge Kurawa, amarga netepi darmane, nanging sejatine Bisma luwih tresna marang Pandhawa, amarga ngerti yen Pandhawa neng dalan sing bener. Nalika madeg senapati agune Kurawa, Bisma kasil merjaya trisula senapatine Pandhawa, yaiku Seta, Utara lan Wiratsangka. Tetelune gugur ing madyaning palagan amarga ketaman pusakane Bisma kang nama Panah Jungkat Penatas. Saka kedadean iku, gawe gragape para prajurite Pandhawa, amarga ora ana kang bisa nandhingi kridhane Resi Bisma. Ngelingi yen Pandhawa nduweni Pamomong titising Bathara Wisnu, yaiku Prabu Kresna, kamangka Prabu Kresna nduweni Kitab ampuh sing isine apa wae sing bakal kelakon ing Baratayuda. Saka iku Prabu Kresna paring dhawuh marang Janaka supaya nimbali Srikandhi kanggo maju madheg senapati.

Slide 17 - Tekstslide

Bisma Gugur : Baratayudha Jayabinangun (9)
Amarga Prabu Kresna ngerti yen kang bisa kasil merjaya Bisma yaiku wanodya kang trampil olah kridaning jemparing. Nalika maju neng palagan, Dewi Srikandhi kepanjingan badan aluse Dewi Amba, kang nduwe sedya njemput patine Bisma. Weruh kahanan kang kaya mangkana, Bisma langsung nangis lan lemes, jebul wus tumapak garis patine, dijemput dening titising Dewi Amba, katresnan sejatine kang bakal manunggal langgeng ana ing suwarga. Nanging sakdurunge dipanggihake marang Srikandhi, wengi sakdurunge Srikandhi madeg senapati, Prabu Kresna lan Puntadewa sowan marang pakemahane Bisma, lan konangan marang Bisma, lan Prabu Kresna nakokake apa kang dadi pangapesane Bisma. Bisma mangsuli “awakku ora bakal nyerang wongkang ngguwang senjata, ora bakal nyerang wong kang tiba saka kereta prang, ora nyerang wong kang wedi, tanpa daya lan kang gendera negarane ajur, saha nyerang wong wadon”

Slide 18 - Tekstslide

Bisma Gugur : Baratayudha Jayabinangun (10)
Lan Pandhawa mbutuhake wong kang bisa dadi tameng kereta prange Janaka lan Kresna. Amarga kang bisa merjaya Bisma mung Kresna lan Janaka. Saking kedadosan menika, Kresna nduweni siasat kanggo ngajokake Srikandhi kanggo dadi tameng keretane Janaka. Nalika majune Srikandhi, Bisma wis lemes lan sedhih kahanane, ditambahi Srikandhi wus kepanjingan Dewi Amba, agawe pasrah batine Resi Bisma. Sanalika Janaka nglepasake panah ampuhe seka mburine Srikandhi, panah bablas lan nembus zirah prange Bisma. Awake Bisma sanalika ambruk, nanging Bisma ora sanalika seda, dheweke njaluk digawekke ranjang kanggo sare. Kurawa nggawakake Ranjang kang endah, nangig Bisma ora gelem. Janaka nggawekke rancang saka tugelan panah, lan sanalika Bisma gelem sare ana ing Ranjang panah kuwi. Bisma ujar yen bakal seda, nek wis ndenagi rubuhe para Sata Kurawa

Slide 19 - Tekstslide

Matur Nuwun
WONTEN PITAKENAN ???

Slide 20 - Tekstslide

Tetembungan Ingkang Awrat Ing Cariyos Wayang Lakon Bisma Gugur

Slide 21 - Woordweb

Isi cariyos wayang lakon Bisma Gugur

Slide 22 - Open vraag

Ajaran Moral Cariyos Bisma Gugur

Slide 23 - Open vraag

Tugas 
Kadamela karangan ingkang nggayutaken salah satunggalipun ajaran moral cariyos Bisma Gugur ing pagesangan padintenan ?

Slide 24 - Tekstslide

EVALUASI
Para siswa kasuwun mangsuli pitakenan ing saben soal kanthi tliti lan cermat !


EVALUASI :
Google Classroom








Slide 25 - Tekstslide

Cekap !!!
Dudutan menapa ???

Slide 26 - Tekstslide

REFLEKSI 

Slide 27 - Tekstslide

Kadospundi pamanggih para siswa tumrap piwulangan dinten menika ?
😒🙁😐🙂😃

Slide 28 - Poll

Kula saged identifikasi tetembungan ingkang awrat ing cariyos Baratayudha .
inggih
boten

Slide 29 - Poll

Kula sampun saged manggihaken wosipun cariyos Bisma Gugur.
inggih
boten

Slide 30 - Poll

Kula sampun saged manggihaken ajaran moral ing cariyos Bisma Gugur.
inggih
boten

Slide 31 - Poll

Sugeng Pepanggihan Malih

Slide 32 - Tekstslide